Laras Pelog Pathet Barang [Grambyangan]
'Indonesia Jaya'
Pemuda Indonesia
Yo bersatu dadi siji
Calon generasi bangsa
Dadi wong sing migunani
Kanggo ngeraih mimpi
Ja pada gelem diadu
Praja negri utama
Gegayuh mbangun pertiwi
Kanggo bangsa Indonesia sing jaya
-●-●-●-●-●-●-●-●-●-●-●-●-●-●-●-●-●-●-●-●-
'Kanggo Ibu Pertiwi'
Pemuda Indonesia
Ayo njunjung generasi
Karakter lan akhlak mulya
Gem talenta saking Gusti
Mbangun ibu pertiwi
Nggandeng dadi siji maju
Gawea Maha Karya
Maha karya sing abadi
Mboten tepang waktu mboten tepang jaman